" Assalamu'alaikum Warahmatullahiwabarakaatuh "

Sabtu, 09 Januari 2010

Joko Tingkir I (Babad Tanah Jawa)

Mas Karebet putrane Ki Ageng Pengging, wus tininggal bopo biyunge kawit isih timur (tjilik).
Kacarita bareng wis gedhe, mas Karebet dipundhut putra karo nyai Ageng Tingkir kang ara kagungan putra, mulane banjur katelah aran Jaka Tingkir.
Ki Jaka kasenengane seje karo bocah-bocah lumrah. Senengane nenepi ing gunung-gunung, alas lan guwa-guwa, mula ibune dhawuh supaya nggeguru golek kawruh, aja pijer saba ing alas wae.
Sabanjure Ki Jaka maguru marang Ki Ageng Sela, lan sabanjure didawuhi ngawula marang Demak.
Ana ing Demak Jaka Tingkir njujug ing omahe sadulure lanang nyai Ageng Tingkir yaiku kyai Ganjur ingkang dadi lurah Suranata.
Kacarita nalika kanjeng Sultan Demak mios saka Masjid, Jaka Tingkir ndhodhok ana ing pinggir blumbang, arep sumingkir ora bisa, amarga wis neng mburining blumbang. Jaka Tingkir banjur kapeksa nglumpati blumbang karo mungkur. Kandjeng Sultan priksa, lan banget kaget lan gumune, banjur kapundhut diabdekake.


Baca selengkapnya Agus-Suryanto: Januari 2010