" Assalamu'alaikum Warahmatullahiwabarakaatuh "

Sabtu, 24 Oktober 2009

Pepiling Biyung marang Putrane


O...ngger anakku kang tak arep-arep mulyamu donyo akherat. Sira mangertia, yen Gusti Allah SWT Maha gede pangapurane lan aja pisan-pisan mutung/ putus asa. Amarga Allah SWT wus dawuh kasebut ing kitab suci Al-Qur'an surat Azzumar:53, yaiku :

قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَى أَنْفُسِهِمْ لا تَقْنَطُوا مِنْ رَحْمَةِ اللَّهِ إِنَّ اللَّه يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُالرَّحِيمُ
Tegese : Dawuhna ! O..kabeh para kawulane Allah kang tansah dosa/ tansah neksa marang awake dewe. Menawa sira pada arep nobati dosane, aja pada putus asa/ mutung. Sanyata ingsun Allah iku paring pangapura marang kabeh dosane kawulo. Lan satemene Allah iku Maha ngapura Maha welas marang kawulane kabeh
Dawuhe Gusti Allah SWT, kang kasebut Ing Al-Qu'an Surat Ali 'Imran Ayat 133-134 : 

وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالأرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ * الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ  وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ

Tegese : Sira kabeh pada cekat ceket/ inggal nyuwun ngapura dosane marang Allah Pangeranira kabeh (menawa sira kabeh oleh pangapurane Allah SWT). Lan uga Allah wus nyediani paring Suwarga kang jembare atarane langit lan bumi, wus dijanjekake kanggo para manunggsa kang pada wedi marang Allah SWT / netepi Iman Islame. (QS:3-133). Syarate oleh pangapurane Allah iku, demen ndarmaake bandane ,ing wektu gampang lan wektu angel (aja ninggal tetulung) lan kudu bisa ngampet howa nepsu lan demen ngapura marang kesalahane wong liya. Allah iku demen marang wong kang pada tumindak kebecikan.(QS:3-134)

Dene pokoke tobat marang Gusti Allah iku, demen sowan madep marang Allah SWT, Sholat 5 wektu. Sholat iku kang dadi kuncine sekabehane amal kebecikan, senajan amale becik iku luwih akeh, ananging yen sholate ora di trima dening Allah SWT kabeh kebecikan ora di ganjar. Kanjeng Nabi Muhammad SAW wus ngendika sing tegese :
Nalika wong iku sholate becik, tata tertib, nyampurnaake rukuke lan sujude (ngrasake surasane kang diwaca) sawuse deweke tangi saka kubur sowan madep marang Allah SWT, nuli amale sholat iku teka lan matur marang Allah. Duh Allah Pangeran kawula, kula aturi mulyaaken dateng tiyang punika kados dene anggenipun mulyaaken dateng kula nalika wonten ndonya nuli deweke diunggahake marang swarga. Dene menawa sholate ora sampurna, ora tertib, ora gelem nyampurnaake rukuk lan sujude, mengka amale sholat iku teka nuli matur. Duh Allah, kula aturi nyiksa dateng tiyang punika kados dene anggenipun nyiksa piyambakipun dateng kula nalika wonten ndonya, kula aturi nglempit kula kados nglempit sandanganipun mak'luk. Nuli disabetake dateng rainipun. (riwayat : Tohyalisi saka sobat ubadah bin Shomat) 
O....ngger anakku mangertia, satemene Allah SWT, wus dawuh neng kitab Al=Qur'an surat 'Ankabut ayat 45, yaiku :
اتْلُ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ وَأَقِمِ الصَّلاةَ إِنَّ الصَّلاةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ
 tegese : Tekakna Wahyu kang Ingsun turunake marang sira Muhammad, saka kitab Al-Qur'an lan pada ngedekna sholat. Satemene sholat iku bisa ngilangake saka tumindak-tumindak kang jember, salah. Lan elinga marang Allah kang Maha Agung kang paring urip. Lan Allah mangerti apa-apa sing kok tumindaake. (QS:29:45)
Kasebut ing surat Hud, ayat 114 
وَأَقِمِ الصَّلاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِنَ اللَّيْلِ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ذَلِكَ ذِكْرَى لِلذَّاكِرِينَ
tegese : Lan pada tumandanga sholat ngadepake raimu marang Ingsun Allah SWT, ana ing wektu awan lan wengi hiya iku Dhuhur, 'Ashar, Maghrib, 'Isya, Subuh, satemene nindake sholat iku bisa nglungakake sakabehane tumindak kang ala utawa kang salah kang mengkono Al-Qu'an iku dadi pepeling tumrap wong-wong sing pada mbutuhake slamet ndonya akherat. (QS : 11:114)


disalin dari buku "Pembangunan Jiwo Layang Kalimosodo "karangan K.H.M. Amin



Baca selengkapnya Agus-Suryanto: Oktober 2009

Sabtu, 17 Oktober 2009

Salam perkenalan

Assalamu'alaikum wr. wrb.

selamat dateng di blog saya yg sangat sederhana ini.
semoga blog ini bisa bermanfaat bagi saya pribadi pada khusunya, dan bagi para pembaca pada umumnya.

Wassalamu'alaikum wr. wb.

Baca selengkapnya Agus-Suryanto: Oktober 2009